Paliyan, Peringkat 5 Lomba Langen Sekar Tingkat Kapanewon Ing tanggal 10 September tahun 2024, Kapanewon Paliyan sampun ngraih juara kaping lima ing perlombaan Langen Sekar tingkat kapanewon. Langen Sekar punika sawijining perlombaan ingkang pesertanipun mementasaken carita fiktif utawi non fiktif, ingkang unikipun sedaya peserta kedah ngagem busana kados dene satwa, mboten saged wonten peran manungsa ing carita punika. Ing perlombaane, Paliyan nyajekaken carita ingkang kapundhut judhul "KAMA". Ringkesanipun, wonten sawijining monyet, kancil, lan sekumpulan manuk ingkang badhe ngumpulake panganan kangge ngadhepi musim kemarau ingkang badhe teka, nanging monyet punika ngkhianati kancil lan manuk, amargi piyambakipun malah ngonsumsi panganan ingkang sampun dipun kumpulake. Ing pungkasan carita, monyet punika seda kaceluk déning pemburu, awit saking punika carita punika dipun paringi judhul "KAMA" utawi ing basa Indonesia kasebut "KARMA". Sak awalipun, ...